Feeds:
Posts
Comments

Sing sapa kang ngimpi ala, mula dheweke nglakonana kaya mangkene:

  1. Ngidu marang sisih kiwane ping telu [1]
  2. Nyuwun marang Alloh saka godane setan lan alane ngimpine, ping telu [2]
  3. Ora ngomongake ngimpine marang wong liya [3]
  4. Mbalik awake [4]
  5. Yen gelem, ngadeg lan sholat [5]

Unduh matan (mp3)

—————————-

[1][3] HR Muslim 4/1772

[2] HR Muslim 4/1772-1773

[4][5] HR Muslim 4/1773

Apa kang dikarepake Syirik Asghar (cilik) kuwi? Ora liya yaiku riya’. Ing Al Quran disebutake:

“Sok sapa-a kang ngarep-arep patemon marang Rabb-e, mula dheweke nindakake amal sholeh lan ora nyekuthokake Alloh ing dalem ibadah karo sapa wae” (Al Kahfi:110)

Continue Reading »

Kaedah kapindho:

Wong-wong kang diperangi Rasulullah shallallohu ‘alaihi wa sallam mau nelakake menawa dheweke ora manembah lan ndedonga marang sesembahan sakliyane Alloh kajaba amung supaya cedhak marang Alloh lan ngarep-arep syafaat marang sesembahane mau.

Dalile al qurbah (cedhak) saka Al Quran kang tegese:

“Lan wong-wong kang padha ngadegake Pangeran liyane Alloh (yakuwi brahala), pangucape: Anggonku manembah brahala iku karepku dadi jalarane anggonku kacedhak marang Alloh. Ing tembe Alloh bakal mancas (wong kang nyembah brahala lan wong Islam) kang padha dienggo pasulayan. Satemene Alloh ora kersa paring pituduh marang wong kang goroh tur kafir. (Az Zumar: 3)

Lan dalile syafaat:

“Wong-wong musyrik mau padha manembah saliyane Alloh, (yaiku brahala) kang ora bisa gawe cilaka utawa gawe manfangat (pikoleh) marang dheweke mau. Dheweke mau padha ngucapake: Brahala-brahala mau kabeh ing besuk bakal ngaturake becikku ing ngarsane Alloh” (Yunus: 18)

Lan syafangat iku ana 2:

Syafaat kang dilarang lan syafangat kang dibenerake

Syafangat kang dilarang yaiku kang dijaluk saka saliyane Alloh ing dalem perkara kang ora sakwijining wong ora isoh nindakake kajaba mung Alloh sawiji. Dalile, pangendikane Alloh kang tegese: “He wong Mukmin kabeh, sira padha dermakna saka barang kang wis Ingsun paringake marang sira kabeh, sadurunge katekan dina kang ing kono ora ana dol tinuku lan ra ana memitran  lan syafangat. Dene wong kafir iku padha nganiaya” (Al Baqarah: 254)

Lan syafangat kang dibenerake yaiku syafangat kang dijaluk marang Alloh. Wong kang menehi syafangat kuwi wong kang diwenehi kinormatan kanggo menehi syafangat (kanthi idin saka Alloh). Lan wong kang nampa syafangat kuwi wong kang Alloh redho marang pangucap lan tumindhake. Kayadene pangendikane Alloh kang tegese: “Ora ana kang bisa aweh syafangat ana ing ngarsane Alloh kajaba pikantuk idzine.” (Al Baqarah: 255)

Nalika ditemokake mikrofon (wadah kandha), ana pihak kang sebrangan masalah hukume. Nanging Syaikh Abdurrohman as-Sa’di rahimahulloh kanthi teges khotbah negesake menawa perkara iku kalebu marang kanikmatan kang kudu disyukuri. (Wacanen risalahe Syaikh yang judule “Ad-Dalaail Al-Qur’aniyyah fi Annal Uluma wal A’mal Nafi’ah al-Ashriyyah Dakhilah fii Diinil Islami“, cet Dar Ibnul Jauzi).

Sawijining wektu ana wong kang nganggo kacamata ngomong marang Syaikh as-Sa’di rahimahulloh kang ngingkari: “Mikrofon kuwi kalebu perkara kang anyar, gaweyane wong non muslim, mula kita ora perlu nggunakake”. Krungu mengkono, Syaikh as-Sa’di nyedhaki wong mau terus nyopot kacamatane, banjur takon, “Apa awakmu isoh mandeng kanthi cetha? Dheweke mangsuli:”Mboten”. Syaikh banjur mbalekake kacamatane wong mau lan takon, “Yen saiki?” Wong mau mangsuli, “Menawi sakniki, kula saged mandeng kanthi cetha”.

Wektu iku, Syaikh ngendika,”He sedulurku, awakmu ngerti menawa kacamata mau isoh ndadekake apa kang adoh dadi cedhak lan pamandengmu dadi luwih jelas. Semono uga karo mikrofon, dheweke isoh ndadekake swara dadi luwih jelas saengga wong kang adoh isoh krungu, para wanita kang aning ngomah uga isoh ngrungokake dzikrulloh lan majlis-majlis ilmu. Dadi mikrofon kuwi kalebu kanikmatane Alloh marang kita, mula apike kita nggunakake kanggo nyebarake kabeneran”. (Mawaqif Ijtima’iyyah min Hayatis Syaikh Abdurrohman as-Sa’di, Muhammad as-Sa’di lan Musa’id as-Sa’di kaca 100-101)

Sumber: Majalah Al-Furqon Edisi 5 Tahun7, Dzulhijjah 1428 H

Kaedah kang kapisan:

Mangerteni menawa wong-wong kafir kang diperangi Rasululloh shallallohu ‘alaihi wa sallam ngakoni menawa Alloh ta’ala iku Al Kholiq (Kang nyiptakake) Al Mudabbir (Kang maha ngatur). Lan pangakon mau ora nglebokake wong kasebut marang Islam.

Dalile:

“(Muhammad) dhawuha (marang wong kang musyrik): Sapa kang paring rejeki marang sira saka langit lan bumi, lan sapa kang kuasa paring pangrungu apadene pandeleng marang sira lan sapa uga kang ngetokake kang urip saka kang mati lan ngetokake kang mati saka kang urip lan sapa kang ngatur sakkabehing urusan? Mula para wong musyik mau mesti padha mangsuli: (Boten sanes namung) Alloh. Mula banjur dhawuha: Ya gene sira ora padha taqwa marang Alloh?” [Yunus: 31]

Kajarwan saka Al Qawaa’id Al Arba’, Syaikh Muhammad bin Abdul Wahhab At Tamimi

Aku nyenyuwun marang Alloh kang Maha Mulya, Robb saka Arsy kang Agung supaya njejaga awakmu ana ing ndonya lan akhirat, lan uga andadekake awakmu kaberkahan ing ngendi wae, uga kalebu marang wong kang yen diwenehi nyukuri, yen dicoba sabar lan yen nduweni dosa age enggal njaluk ngapura. Karana telung perkara mau dadi tanda-tanda kabagyane wong.

Padha mangertenana – muga-muga Alloh nuduhi awakmu marang kataatan marang Panjenengane – saktemene dalane Ibrahim kang lurus kuwi manembah Alloh sawiji kanthi ngikhlasake agama marang Panjenengane lan kanthi prakara mau Alloh mrentahake sakkabehing menungsa lan nyiptakake menungsa kanggo prakara iku mau.

Kaya pangendikane Alloh:” Lan ora Ingsun ciptakake jin lan manungsa kajaba kanggo nyembah marang Ingsun” (Adz Dzariyat: 56). Mula sakwise mangerteni menawa Alloh nyiptakake awakmu kanggo ngibadah/manembah mligi marang Panjenengan, ngertenana menawa ngibadah kuwi ora karan ngibadah kajaba dikantheni tauhid kayadene sholat ora karan sholat kajaba dikantheni thoharoh (sesuci). Menawa kalebon syirik ing ngibadah bakal rusak ngibadahe kayadene hadats nalika sakjrone thoharoh (sesuci).

Menawa wis mangerteni menawa yen syirik nyampuri pangibadahan bakal ngrusak ngibadah mau lan mbatalake amalan, lan uga ndadekake sing nglakoni langgeng aning neraka, mula ngertenana menawa apa kang paling penting kanggomu yakuwi mangerteni prakara kasebut, muga-muga Alloh ngresikake awakmu saka perkara iki, yaiku syirik marang Alloh. Alloh ngendika:

“Saktemene Alloh ora paring pangapura mrang sapa wae kang nyekutokake (syirik) marang Alloh lan paring pangapura  marang sakliyane iku marang wong kang Alloh kersakake”

Lan kuwi mau kanthi mangerteni 4 prakara kang disebutake Alloh ta’ala ing Al Qur’an (ana candhake, insya Alloh)

Dijarwakake saka “Al Qawaa’id Al Arba'” Syaikh Muhammad bin Abdul Wahhab At Tamimi

Tegese Niat

Tembung niat kang ana ing firman Alloh ‘Azza wa Jalla utawa kang digunakake syariat nduweni rong teges. Sepisan, niat kang ana gandenge karo ngibadah kuwi dhewe lan kapindho, niat kang gegandengan karo dzat kang disembah. Mula, niat ana rong macem:

Sepisan, niat kang gegandengan karo ngibadah kuwi dhewe. Niat kang iki asring digunakake dening para ahli fiqih nalika ngrembug hukum ibadah yaiku nalika nyebutake syarat-syarat ibadah kayata tembunge: “Syarat sepisanan saka ibadah yaiku anane niat“. Niat ana ing tembung mau yaiku niat kang gegayutan karo ibadah saengga isoh dibedakake antarane ibadah siji lan liyane.

Kang kapindho, niat kang gegayutan karo dzat kang disembah, utawa asring sinebut الإخلاص,  murnekake  ati, niat lan amal mligi marang Alloh  ‘Azza wa Jalla.

Rong macem teges niat mau kalebu ana ing hadits iki (hadits arbain 1). Mula karepe hadits Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam إنما الأعمال بالنيات  yaiku saktemene sah orane sakwijining ibadah ditentokake dening niat, yaiku niat kang mbedakake sawijining ibadah karo ibadah liyane lan niat kang ngiklashake pangibadahan mligi marang Alloh saengga piwawas kang nelakake menawa niat ana ing hadits mau karepe niat kangtegese ikhlas wae utawa kang nelakake menawa ikhlas ora kalebu pirembugan para ahli fiqih nalika ngrembug babagan ibadah kuwi piwawas kang ora pener.

Sumber: www.muslim.or.id