Apa kang dikarepake Syirik Asghar (cilik) kuwi? Ora liya yaiku riya’. Ing Al Quran disebutake:
“Sok sapa-a kang ngarep-arep patemon marang Rabb-e, mula dheweke nindakake amal sholeh lan ora nyekuthokake Alloh ing dalem ibadah karo sapa wae” (Al Kahfi:110)
Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika, “Sak temene kang dakwedeni marang awakmu kabeh ora liya syirik asghar” (HR Ahmad, shahih).
Lan kalebu syirik cilik, pocapan: Yen ora marga Allah lan si anu, utawa kersane Allah lan karepmu. Rasulullah ngendika, “Lan aja ngucapake, menawa Allah ngersakake lan si anu ngarepake. Nanging ucapna: Menawa Allah ngersakake banjur si anu uga ngarepake.” (HR Abu Dawud, shahih).
(Dicuplik saka Khud Aqidataka, Penulis: Muhammad bin Jamil Zainu, Edisi Indonesia: Koreksi Aqidahmu, Penerjemah:Abu Hamdan, Penerbit:Pustaka Istiqomah, Surakarta, Cetakan I, Rajab 1415 H/ Januari 1995, Halaman: 36-38 Edisi online: www.salafyoon.net)