Kaedah kapindho:
Wong-wong kang diperangi Rasulullah shallallohu ‘alaihi wa sallam mau nelakake menawa dheweke ora manembah lan ndedonga marang sesembahan sakliyane Alloh kajaba amung supaya cedhak marang Alloh lan ngarep-arep syafaat marang sesembahane mau.
Dalile al qurbah (cedhak) saka Al Quran kang tegese:
“Lan wong-wong kang padha ngadegake Pangeran liyane Alloh (yakuwi brahala), pangucape: Anggonku manembah brahala iku karepku dadi jalarane anggonku kacedhak marang Alloh. Ing tembe Alloh bakal mancas (wong kang nyembah brahala lan wong Islam) kang padha dienggo pasulayan. Satemene Alloh ora kersa paring pituduh marang wong kang goroh tur kafir. (Az Zumar: 3)
Lan dalile syafaat:
“Wong-wong musyrik mau padha manembah saliyane Alloh, (yaiku brahala) kang ora bisa gawe cilaka utawa gawe manfangat (pikoleh) marang dheweke mau. Dheweke mau padha ngucapake: Brahala-brahala mau kabeh ing besuk bakal ngaturake becikku ing ngarsane Alloh” (Yunus: 18)
Lan syafangat iku ana 2:
Syafaat kang dilarang lan syafangat kang dibenerake
Syafangat kang dilarang yaiku kang dijaluk saka saliyane Alloh ing dalem perkara kang ora sakwijining wong ora isoh nindakake kajaba mung Alloh sawiji. Dalile, pangendikane Alloh kang tegese: “He wong Mukmin kabeh, sira padha dermakna saka barang kang wis Ingsun paringake marang sira kabeh, sadurunge katekan dina kang ing kono ora ana dol tinuku lan ra ana memitran lan syafangat. Dene wong kafir iku padha nganiaya” (Al Baqarah: 254)
Lan syafangat kang dibenerake yaiku syafangat kang dijaluk marang Alloh. Wong kang menehi syafangat kuwi wong kang diwenehi kinormatan kanggo menehi syafangat (kanthi idin saka Alloh). Lan wong kang nampa syafangat kuwi wong kang Alloh redho marang pangucap lan tumindhake. Kayadene pangendikane Alloh kang tegese: “Ora ana kang bisa aweh syafangat ana ing ngarsane Alloh kajaba pikantuk idzine.” (Al Baqarah: 255)