Nalika ditemokake mikrofon (wadah kandha), ana pihak kang sebrangan masalah hukume. Nanging Syaikh Abdurrohman as-Sa’di rahimahulloh kanthi teges khotbah negesake menawa perkara iku kalebu marang kanikmatan kang kudu disyukuri. (Wacanen risalahe Syaikh yang judule “Ad-Dalaail Al-Qur’aniyyah fi Annal Uluma wal A’mal Nafi’ah al-Ashriyyah Dakhilah fii Diinil Islami“, cet Dar Ibnul Jauzi).
Sawijining wektu ana wong kang nganggo kacamata ngomong marang Syaikh as-Sa’di rahimahulloh kang ngingkari: “Mikrofon kuwi kalebu perkara kang anyar, gaweyane wong non muslim, mula kita ora perlu nggunakake”. Krungu mengkono, Syaikh as-Sa’di nyedhaki wong mau terus nyopot kacamatane, banjur takon, “Apa awakmu isoh mandeng kanthi cetha? Dheweke mangsuli:”Mboten”. Syaikh banjur mbalekake kacamatane wong mau lan takon, “Yen saiki?” Wong mau mangsuli, “Menawi sakniki, kula saged mandeng kanthi cetha”.
Wektu iku, Syaikh ngendika,”He sedulurku, awakmu ngerti menawa kacamata mau isoh ndadekake apa kang adoh dadi cedhak lan pamandengmu dadi luwih jelas. Semono uga karo mikrofon, dheweke isoh ndadekake swara dadi luwih jelas saengga wong kang adoh isoh krungu, para wanita kang aning ngomah uga isoh ngrungokake dzikrulloh lan majlis-majlis ilmu. Dadi mikrofon kuwi kalebu kanikmatane Alloh marang kita, mula apike kita nggunakake kanggo nyebarake kabeneran”. (Mawaqif Ijtima’iyyah min Hayatis Syaikh Abdurrohman as-Sa’di, Muhammad as-Sa’di lan Musa’id as-Sa’di kaca 100-101)
Sumber: Majalah Al-Furqon Edisi 5 Tahun7, Dzulhijjah 1428 H