Thoharoh, mturut basa, tegese annazhaafah wannazaahah minal ahdaats, resik lan suci saka sakkabehing hadats. Miturut istilah fiqih yaiku ngilangake hadatas utawa ngresiki najis.
Bab Banyu
Kabeh banyu kang mudhun saka langit utawa kang metu saka bumi kahanane suci lan nyucekke. Dasare firman Alloh:
وَ أَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَآءِ مَآءً طَهُوْرًا
“Lan Ingsun nurunake banyu saka ing langit kanti kahanan suci” (Al Furqon: 48)
Lan uga ngendikane Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bab banyu segara:
“Dheweke (laut) iku suci banyune lan halal bangkene” (Shahih: Shahih Ibnu Majah: 309, Muwaththa’ Imam Malik 26/40, Sunan Abu Dawud I:152: 83, Sunan Tirmidzi I:47:69, Sunan Ibnu Majah I: 136:386 lan Sunan Nasa’i I:176)
Lan uga ngendikane Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngenani sumur budha’ah:
“saktemene banyu kuwi suci, ora isa najisake dening sakwijining apa wae” (Shahih: irwaul Ghalil: 14 ‘Aunul Ma’bud I:126-127:66-67, Sunan Tirmidzi I:45:66 Sunan Nasa’i I:174)
Banyu kasebut tetep suci sanajan wis kacampur karo sakwijining barang kang suci saksuwene ora metu saka bates kasucen yang mutlak. Sebabe ana sabdane Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam marang para wanita kang arep ngedusi putrine Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam:
“Adusana dheweke ping telu utawa ping lima utawa luwih saka kuwi menawa miturut kowe perlu, nganggo banyu lan godhong bidara. Lan ana ing keri dhewe, wenehana kapur barus utawa sethitik kapur barus” (Fathul Bari III:125:1253 lan Shahih Muslim II:646:939)
Ora kena grusa-grusu ngarani banyu kuwi najis, sanajan ketiban barang najis kajaba ana kang owah (ambune utawa rasane utawa warnane) amarga pengaruh barang kang najis mau. Iki didasarake marang hadits Abu Sa’id:
“Ana sakwijining shahabat takon marang Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, punapa angsal wudlu kaliyan (toya) sumur budha’ah? Yaiku sumur yang saknjerone dibuangi darah haidh, daging segawon lan barang kang bosok ambune. Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam njawab “Banyu iku suci ora isa najisake dening sakwijining apa wae” [Wis kasebut takhrij haditse ing nduwur]
[Dipetik saka Al Wajiz Fi Fiqhis Sunnah wal Kitabil 'Aziz, 'Abdul 'Azhim bin Badawi al-Khalafi]